Teyeng apa ora? 25 April 2007
Posted by sri nanang setiyono in Bahasa Jawa, Bahasa/Language, Banyumasan.2 comments
Medun seka bis, nyong langsung mluncat nggolek panggonan iyup nang emper toko. Mbengi jam wolu, nang Banjar wis sepi. Ora nana kol sih isih mlaku. Kabeh uwis bali nang umahe dewek-dewek. Nyong kudu mlaku satus meter nggoleti becak sing ijih mangkal. Pas tak temoni, mung ana becak nang prapatan. Ye wis, tak tumpaki tekan umah.
Nembe duk, udane tambah deres. Bar mbayar tukang becake, nyong mlayu mlebu umah. Lawang tak dodog-dodog. Gagange tak bukak, tapi ora teyeng. Jebule lawange dikunci. Ye wis, nyong bengok-bengok ngundang ramane karo emboke sing lagi nang ngomah.
Jam semono nang ndesane nyong wis sepi mbanget. Ora nana wong dodol bakso apa dodol mie ayam sing lewat. Suara honda be langka banget. Paling-paling ana suwara kerik-kerik jangkrik karo gasir. Nek tambah mbengi, cokan ana suwara serigala karo asu ngejog. Memper kaya suwara nang sinetron misteri. Temenan, nek nang ngomah dewek, apamaning wonge wedinan, bakal mrinding terus-terusan.
Isuke, nyong momong ponakane nyong sing umahe jejeran karo omahe ramane nyong. Bocahe umur patang tahun. Senengnye dolanan montor-montoran, nggambar karo dir. Dolanane akeh banget. Tapi karo barang open. nemu dir nang pekarangan bae ya ijih ditutur. Dire jane wis mbloker. Ora ana sing mlincing. Tapi tetep baen ditutur trus disimpen maning.
powered by performancing firefox







